UNGGAH UNGGUHING BASA

| Senin, 23 Maret 2015
A.    PANGERTOSAN
Unggah ungguh tegesipun tataprananing basa miturut lungguhing tatakrama, wondone tatakrama tegesipun tata caranipun ginuman dhumateng tiyang senes saha tindak tanduk utawi solah tingkah. Unggah ungguh basa menika muwujudake adat sopan santunnipun basa jawi. Jalaran adat utawi pakulinan sopan santun, mangertos lan nindakaken tatakrama menika saged mratelakaken pribadinipun tiyang jawi saha cirining bebrayan (masyarakat) jawi.

B.     PANGANGGENIPUN BASA JAWI
Basa jawi wonten bebrayan agung menika tansah keprebawan kalihan basa nasional (indonesia), pramila asring lan kenging interferensi babagan tembung utawi interferensi leksikal lan babagan paramasastra (tata bahasa)
1.      Campur kode
Massyarakat jawi menika majemuk dadosipun menawi gineman dicampur. Menawi gineman ingkan dicampur campur kasebut bahasa jawi ingkang campur kode. Namung para nem-neman utawi generasi muda ing jaman samenika, menawi gineman sami ngangge basa campur kode.
2.      Alih kode
Alih kode bisa kasebut gantos basa ingkang dipun gunakaken. Umpamanipun adik mlaku mlaku nang pinggir kali. Sak lajengipun gantos basa jawi adik jalan jalan di pinggir kali
3.      Kirang ngembaka
Basa jawi ing wekdal menika ajinipun kirang lan wonten bebrayan agung kawastanan kirang ngrembaka, jalaran keterak kolonial, down float kalian rural.
·         Kolonial : namung kaginakaken wonten ing informal saha lokal.
·         Down float : amargi mlorot ajinipun, kathah pamanggih bilih basa Jawi boten saged kangge jaminan gesang bebrayan (masa depan), kamangka pamanggih kasebat tasih perlu dipuntaliti malih kanthi titi lan permati.
·         rural : wonten pamanggih basa Jawi kirang bergengsi, sipatipun ndesani. Ajrih dipun sebat ketinggalan jaman.



C.    JINISING UNGGAH UNGGUH BASA
1.      Basa Ngoko
a)      Ngoko Lugu
antun suhono (1953: 9-10) ngandaraken bilih basa ngoko lugu menika tembungipun ngoko sedaya dene, tembung : aku, koe, ater ater tripurusa (dak/tak, kok/ko, di) lan panambang : ku, mu, e, ake mboten ewah, tetap utawi panggah kemawon.
gunanipun basa ngoko lugu menika inggih menika:
1.      Tiyang sepuh dhumateng ana, wayah, utawi tiyang enem sasenesipun.
2.      Sesaminipuun tiyang, mboten ngemuti drajat lan pangkatiun, kados dene lare kaliyan rencangipun, utawi lari sami lare
3.      Panggedhe (pimpinan, pangarsa) dhumateng andhahanipun
4.      Ngudaraos piyambahan
5.      Cariyos ingkang adhapur andharan
b)      Ngoko andhap
basa ngoko andhab saged kepareng dados kalih inggih menika  antya basa kalian basa antya.
1.      Antya basa
Basa ngoko andhap antya basa menika wujidipun: tembungipun ngoko kecampuran tembung ki (krama inggil)
2.      Basa antya
Basa antyya inggih menika wujudipun ngoko, dipuncampuri tembung tembung krama lan krama inggil.

2.      Basa madya
a)      Basa madya ngoko
basa madya ngoko inggih menika basa ingkang tembungipun madya ingkang kecampuran tembung ngoko ingkang mboten wonten madyanipun. Ginanipun kangge gineman tiyang dhusun utawi tiyang pegunungan.
b)      Basa madya krama
Inggih menika basa ingkang tembung tembungipun madya, kacampuran tembung krama. Ginanipun kanngge gineman tiyang dhusun kalian tiyang dhusunsenesipun ingkang kaprenah sepuh utawi ingkang dipunajeni.
c)      Madyantara
Basa madyantara menika tembung tembungipun kedadosan saking basa madyantara, namung tembung tembung ingkang tumuju dhumateng tiyang sanes ingkang kaajak gineman kagatos mawi krama inggil. Ginanipun inggih menika kangge pacelaton tiyang alit dhumateng kakangipun.

3.      Basa krama
a)      Mudha krama (krama alus)
Basa menika basa ingkang luwes sanget, jalaran saget kaginakaken dhumateng sadhengah tiyang, boten wonten awonipun. Mudha krama tembungipun teseh kacampur krama inggi sekedik.  Basa mudha krama menika lumrahipun basanipun tiyang enem dhumaateng tiyang sepuh.
b)      Kramantara (krama lugu)
basa kramantara inggih menika tembungiun krama sedaya boten kacampuran krama inggil. Lumrahipun basanipun tiyang sepuh dhumateng tiyang ingkang kaprenah enem, jalaran rumaos langkung inggil pangkatipun utawi asalipun, utawi basa kramanipun tiyang tiyang ingkang kaanggep sedrajat, namung ing wekdal menika sampun boten lumrah.
c)      Wredha krama
basa wredha krama menika meh sami kalian kramantara, boten kacampuran krama inggil, wondene bedanipun wonten ater ater di-, lan panambang –e/-ake.
d)     Krama inggil
basa krama inggil menika stembungippun krama sedaya, kacampuran krama inggil tmrapipun tiyang ingkang dipun ajak gineman.
e)      Krama desa

basa krama desa menika basa ingkang tembung tembungippun krama, kacampuran utawi kamaworan tembung tembung krama desa. 

1 komentar:

  1. Silahkan di kunjungi ya teman teman 100% Memuaskan
    > Hoki anda ada di sini <
    1 USER ID UNTUK SEMUA GAME
    Kami memberi bukti bukan Janji
    Daftar sekarang juga di www.dewalotto.club
    MIN DEPO & WD HANYA Rp.20.000,-
    UNTUK INFORMASI SELANJUTNYA BISA HUB KAMI DI :
    WHATSAPP : ( +855 69312579 ) 24 JAM ONLINE
    MELAYANI TRANSAKSI VIA BANK :
    BCA - MANDIRI - BRI - BNI - DANAMON-NIAGA
    Raihlah Mimpi Anda Setiap Hari & Jadilah Pemenang !!!

    BalasHapus

Next Prev
▲Top▲