A.
PANGERTOSAN
Unggah ungguh tegesipun tataprananing basa miturut
lungguhing tatakrama, wondone tatakrama tegesipun tata caranipun ginuman
dhumateng tiyang senes saha tindak tanduk utawi solah tingkah. Unggah ungguh
basa menika muwujudake adat sopan santunnipun basa jawi. Jalaran adat utawi
pakulinan sopan santun, mangertos lan nindakaken tatakrama menika saged mratelakaken
pribadinipun tiyang jawi saha cirining bebrayan (masyarakat) jawi.
B.
PANGANGGENIPUN
BASA JAWI
Basa jawi wonten bebrayan agung menika tansah
keprebawan kalihan basa nasional (indonesia), pramila asring lan kenging
interferensi babagan tembung utawi interferensi leksikal lan babagan
paramasastra (tata bahasa)
1.
Campur kode
Massyarakat jawi menika majemuk dadosipun menawi
gineman dicampur. Menawi gineman ingkan dicampur campur kasebut bahasa jawi
ingkang campur kode. Namung para nem-neman utawi generasi muda ing jaman
samenika, menawi gineman sami ngangge basa campur kode.
2.
Alih kode
Alih kode bisa kasebut gantos basa ingkang dipun
gunakaken. Umpamanipun adik mlaku mlaku nang pinggir kali. Sak lajengipun
gantos basa jawi adik jalan jalan di pinggir kali
3.
Kirang ngembaka
Basa jawi ing wekdal menika ajinipun kirang lan
wonten bebrayan agung kawastanan kirang ngrembaka, jalaran keterak kolonial,
down float kalian rural.
·
Kolonial : namung kaginakaken wonten ing informal saha
lokal.
·
Down float : amargi mlorot ajinipun, kathah pamanggih bilih basa
Jawi boten saged kangge jaminan gesang bebrayan (masa depan), kamangka
pamanggih kasebat tasih perlu dipuntaliti malih kanthi titi lan permati.
·
rural : wonten pamanggih basa Jawi kirang bergengsi,
sipatipun ndesani. Ajrih dipun sebat ketinggalan jaman.
C.
JINISING
UNGGAH UNGGUH BASA
1.
Basa Ngoko
a) Ngoko
Lugu
antun suhono (1953: 9-10) ngandaraken bilih basa
ngoko lugu menika tembungipun ngoko sedaya dene, tembung : aku, koe, ater ater
tripurusa (dak/tak, kok/ko, di) lan panambang : ku, mu, e, ake mboten ewah,
tetap utawi panggah kemawon.
gunanipun
basa ngoko lugu menika inggih menika:
1. Tiyang
sepuh dhumateng ana, wayah, utawi tiyang enem sasenesipun.
2. Sesaminipuun
tiyang, mboten ngemuti drajat lan pangkatiun, kados dene lare kaliyan
rencangipun, utawi lari sami lare
3. Panggedhe
(pimpinan, pangarsa) dhumateng andhahanipun
4. Ngudaraos
piyambahan
5. Cariyos
ingkang adhapur andharan
b) Ngoko
andhap
basa ngoko andhab saged kepareng dados kalih inggih
menika antya basa kalian basa antya.
1. Antya
basa
Basa ngoko andhap antya basa menika
wujidipun: tembungipun ngoko kecampuran tembung ki (krama inggil)
2. Basa
antya
Basa antyya inggih menika wujudipun
ngoko, dipuncampuri tembung tembung krama lan krama inggil.
2.
Basa madya
a) Basa
madya ngoko
basa
madya ngoko inggih menika basa ingkang tembungipun madya ingkang kecampuran
tembung ngoko ingkang mboten wonten madyanipun. Ginanipun kangge gineman tiyang
dhusun utawi tiyang pegunungan.
b) Basa
madya krama
Inggih
menika basa ingkang tembung tembungipun madya, kacampuran tembung krama.
Ginanipun kanngge gineman tiyang dhusun kalian tiyang dhusunsenesipun ingkang
kaprenah sepuh utawi ingkang dipunajeni.
c) Madyantara
Basa madyantara menika tembung tembungipun kedadosan saking basa madyantara, namung tembung tembung ingkang tumuju dhumateng tiyang sanes ingkang kaajak gineman kagatos mawi krama inggil. Ginanipun inggih menika kangge pacelaton tiyang alit dhumateng kakangipun.
Basa madyantara menika tembung tembungipun kedadosan saking basa madyantara, namung tembung tembung ingkang tumuju dhumateng tiyang sanes ingkang kaajak gineman kagatos mawi krama inggil. Ginanipun inggih menika kangge pacelaton tiyang alit dhumateng kakangipun.
3.
Basa krama
a) Mudha
krama (krama alus)
Basa
menika basa ingkang luwes sanget, jalaran saget kaginakaken dhumateng sadhengah
tiyang, boten wonten awonipun. Mudha krama tembungipun teseh kacampur krama
inggi sekedik. Basa mudha krama menika
lumrahipun basanipun tiyang enem dhumaateng tiyang sepuh.
b) Kramantara
(krama lugu)
basa
kramantara inggih menika tembungiun krama sedaya boten kacampuran krama inggil.
Lumrahipun basanipun tiyang sepuh dhumateng tiyang ingkang kaprenah enem,
jalaran rumaos langkung inggil pangkatipun utawi asalipun, utawi basa
kramanipun tiyang tiyang ingkang kaanggep sedrajat, namung ing wekdal menika
sampun boten lumrah.
c) Wredha
krama
basa
wredha krama menika meh sami kalian kramantara, boten kacampuran krama inggil,
wondene bedanipun wonten ater ater di-, lan panambang –e/-ake.
d) Krama
inggil
basa
krama inggil menika stembungippun krama sedaya, kacampuran krama inggil
tmrapipun tiyang ingkang dipun ajak gineman.
e) Krama
desa
basa
krama desa menika basa ingkang tembung tembungippun krama, kacampuran utawi
kamaworan tembung tembung krama desa.